Menyang kontèn

Sutan Syahrir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sutan Syahrir
Sutan Syahrir


Mangsa jabatan
14 November 1945 – 3 Juli 1947
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Ora ana, kalungguhan anyar
Diganti déning Amir Sjarifoeddin

Mangsa jabatan
14 November 1945 – 12 Maret 1946
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning R.A.A. Wiranatakusumah
Diganti déning Sudarsono

Mangsa jabatan
14 November 1945 – 3 Juli 1947
Présidhèn Soekarno
Didhisiki déning Achmad Soebardjo
Diganti déning Agus Salim

Miyos (1909-03-05)5 Maret 1909
Nèderlan Padangpanjang, Sumatra Kulon, Hindhia Nèderlan
Tilar donya April 9, 1966(1966-04-09) (umur 57)
Switserlan Zurich, Switserlan
Kabangsan  Indonésia
Partai pulitik PSI
Garwa Maria Duchateau
Siti Wahyunah
Profèsi Pulitikus
Agami Islam
Tapak asma Sutan Syahrir's signature

Sutan Syahrir (éjaan biyèn:Soetan Sjahrir) (lair ing Padangpanjang, Sumatra Kulon, 5 Maret 1909 – pati ing Zürich, Switserlan, 9 April 1966 ing umur 57 taun) punika pulitikus lan mahamantri pisanan ing Indonésia.[1] Panjenenganipun njabat dados Mahamantri Indonésia wiwit 14 November 1945 dumugi 20 Juni 1947.[1] Sutan séda wonten ing panyingkiran nalika dados tawanan pulitik lan kasarekaken wonten ing TMP Kalibata, Jakarta.[1]

Sjahrir ngadegaken Parté Sosialis Indonésia (PSI) ing taun 1948 kanggé nglawan sacara pulitik marang Parté Komunis Indonésia (PKI). Sanadyan alit, parténipun sampun nggadhahi pangaruh ingkang ageng ing taun-taun awal pasca-kamardikan. Nanging, parté sosialisipun Sjahrir pungkasanipun boten saged menang dukungan lan lajeng dipunlarang ing taun 1960, sawisé parté wau kacurigani melu ing pemberontakan Pamaréntah Révolusionér Républik Indonésia. Sjahrir piyambak pungkasanipun dipuntahan lan dipuntawan tanpa sidang ing taun 1962. Ing taun 1965, panjenenganipun dipunlepasaken kanggé nglajengaken perawatan kasarasan lan dipunidinaken dhateng Zürich, Swiss. Ing papan wau, panjenenganipun séda ing tanggal 9 April 1966. Ing dinten sami, kanthi Kaputusan Présidhén No. 76/1966, Sjahrir dipunkukuhaken dados Pahlawan Nasional Indonésia.[2]

Lair saking kulawarga Minangkabau, piyambakipun sinau ing Universitas Amsterdam, lan satemah dados siswa hukum ing Universitas Leiden. Piyambakipun dados aktif ing politik Sosialis, lan perjuangan Indonesia kanggé kamardikan, dados kanca caketipun aktivis kamardikan sépuh Mohammad Hatta, ingkang satemah dados Wakil Presiden kapisan Wakil Presiden Indonesia. Ing mangsa Jepang njajah Hindia-Walanda, Sjahrir berjuang ing perlawanan. Nalika nggayuh kamardikan ing tanggal 17 Agustus 1945, piyambakipun kalibet ing Prastawa Rengasdengklok lan Proklamasi Kamardikan Indonesia. Sawisé medalé pamflet "Perjuangan Kita" ing taun 1945, piyambakipun kapilih dados Perdana Menteri Indonesia déning Presiden Sukarno. Minangka Perdana Menteri, piyambakipun salah satunggaling pamingpin Republik ingkang dipun tampi déning pamarentah Walanda, amargi sikapipun ingkang boten kerjasama nalika pendhudhukan Jepang. Ugi gadhah peran wigati ing negosiasi Perjanjian Linggadjati.

Babad slira

[besut | besut sumber]
Sekolah MULO ing Medan (watara taun 1925)

Syahrir lair saka pasangan Mohammad Rasad gelar Maharaja Soetan bin Soetan Leman gelar Soetan Palindih lan Puti Siti Rabiah kang asalé saka Koto Gadang, Agam.[3][4] Bapak saka Syahrir njabat dadi penaséhat sultan Deli lan kepala jaksa (landraad) ing Medan.[3] Syahrir seduluran tunggal bapak karo Rohana Kudus, aktivis lan wartawan wadon kang misuwur.[3] Syahrir sekolah ana ing (ELS) lan sekolah menengah (MULO) paling apik ing Kutha Medan, lan mbetaheken kumpul karo wong Walanda lan buku-buku asing lan atusan novèl Walanda.[3] Mbengine Sutan ngamèn ing Hotèl De Boer (saiki Hotèl Natour Dharma Deli), hotèl mirunggan kanggo tamu-tamu kulit putih.[3]

Akir urip

[besut | besut sumber]

Taun 1955 PSI gagal ngumpulaké swara sajeroning pilihan umum pisanan ing Indonésia. Sawisé kasus PRRI taun 1958[5], gegandhèngan Sutan Syahrir lan Présidhèn Soekarno saya ala nganti akiré PSI dibubaraké taun 1960. Taun 1962 tekan taun 1965, Syahrir dicekel lan dikunjara tanpa diadili nganti nandhang stroke. Sawisé iku Syahrir diidinaké kanggo tetamba menyang Zürich, Switserlan, salah sawijining kanca cerak sing tau njabat wakil ketua PSI Sugondo Djojopuspito ngeteraké dhèwèké menyang Papan Anggegana Kemayoran lan Syahrir ngekep Sugondo kanthi luh, lan akiré ninggal ing Switserlan nalika tanggal 9 April 1966.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c nurulfikri.sch.id[pranala mati permanèn]
  2. Dotulong 2010.
  3. a b c d e "www.biografitokohdunia.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-08. Dibukak ing 2011-07-02.
  4. "www.sutansjahrir.com". Diarsip saka sing asli ing 2013-12-08. Dibukak ing 2011-07-02.
  5. Robert Cribb, Audrey Kahin Historical Dictionary of Indonésia, Metuchen, N.J.: Scarecrow Press, 1992