Menyang kontèn

Surat An Naas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 29 April 2008 06.45 déning Anggoro (parembugan | pasumbang) (Kaca énggal: Surat An-Naas punika surat ingkang pungkasan (surat kaping 114) wonten ing Al Qur'an. Nami An-Naas dipun pendhet saking tembung ''An-Naas'' ingkang kasebat wola-wali wonten ing...)
(bé) ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan () | Révisi sabanjuré → ()

Surat An-Naas punika surat ingkang pungkasan (surat kaping 114) wonten ing Al Qur'an. Nami An-Naas dipun pendhet saking tembung An-Naas ingkang kasebat wola-wali wonten ing surat punika. "An Naas" piyambak artosipun "manungsa." Tembung "manungsa" ing basa Arab bènten-bènten. Ing tembung "An Naas", tembung punika ngrujuk kaliyan artos "manungsa" kanthi wadhag. Tembung manungsa bèntenipun ingggih menika "insan" ingkang ngrujuk manungsa saking péranganipun ing batos. Mula, ing surat punika An-Naas (manungsa) kasandingan kaliyan jin ingkang sami-sami saged dados sétan.

Surat punika kalebet golongan surat Makkiyah. Surat punika nganjuraken supados manungsa pados pangayoman dhumateng Allah lan sétan punika saged saking bangsanipun manungsa lan sétan.

Jarwanipun

  1. Dhawuha,"Kawula nyuwun pangayoman dhumateng Pangeraning manungsa."
  2. Rajanipun manungsa
  3. Sesembahanipun manungsa
  4. Mugi dipun kalisaken saking pihalaning setan ingkang anggodha
  5. ingkang ambisik-bisiki ing manahing manungsa
  6. saking golonganipun jin lan manungsa.[1]


Cathetan sikil

  1. Kajarwakaken kanthi midhangetaken Tafsir Al-Quran Suci Basa Jawi anggitanipun Profesor K.H.R Muhammad Adnan.